AKU DURUNG KALAH
Ngadeg neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku
saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha
mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang
ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo
gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.
Mung siji
kuwi sing bisa gawe ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake
tugas-tugas kantor sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal
keprungu swara mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku.
Pak Wiryo. Bakul puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis
tekan ngarep omahku mesti mandheg karo cluluk "Puthu Mas " Aku banjur
mbukak pager, mangan puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga
mandheg. Ngladeni wong wong ing komplek perumahan sing padha tuku puthu
bumbung.
Pak Wiryo
padha karo aku. Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene,
sing jarene nggon duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat
gaweyan Jepang modhel sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing
ruwangane adhem.
Pak Wiryo
crita, yen omahe ana ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika
mangkat lan mulih saka kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi
ana dalan sing dawane watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku
pancen durung nate weruh. Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo
mesthi sawijining kampung nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa
diselaki yen panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap
dening investor. Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep
kanggo ngambakna lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe
(jenenge wae ganti rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti 'ganti
untung'. Mula akeh wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan
tanah kuwi.
"Krungu-krungu
jare lapangan golf arep diambakna Pak?" Pak Wiryo mung mesem krungu
pitakonku, sajake wis ngerti apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.
"Lah
yen lapangane diambakna, terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?"
"Nggih
kersane napa ingkang kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen
mboten gadhahane."
Pak Wiryo
terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning tanganku.
Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak
Wiryo umure ora beda adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur
dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku
mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong
sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
"Panjenengan
niku lho Mas, wong priyayi ageng kok ndadak basa lho kalih kula."
Oalah, donya
kuwi jebule pancen isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku
duwe panemu yen aku klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa
ngrasakna kamukten urip. Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging
sakora-orane yen kepengin apa-apa bisa keturutan.
Nanging wong
sing kaya Pak Wiryo, menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng
donya dadi wong sing kudu nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan
kuwi gelem ora gelem kudu diadhepi.
Sejatine
miturut panemuku, mbuh kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis
digarisna dening sing Maha Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe
nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing
kedadeyan? Ing jaman saiki sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing
kuwat ngidak-idak sing kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning
urip.
Pak Wiryo,
lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga
dianggep ora ana maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong
kaya Pak Wiryo arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika
ganti rugi sing ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.
"Pak,
wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home
industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang supermarket?"
"Wah,
mangke yen kula mboten ider mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu
teng supermarket," Pak Wiryo ngguyu latah-latah.
"Kula
ngaten mawon sampun rumaos cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan
nyekolahke anak. Wong kula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge
anak kula. Sak mboten-botene, nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih
sampun ngantos kados bapake."
Biyen aku
nate nawani Pak Wiryo, supaya anake nyambutgawe neng pabrik nggonku. Kebeneran
nalika kuwi unitku butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti
ditampa, awit sing nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo,
tinimbang anake nganggur.
"Golek
gaweyan saiki angel lho Pak."
"Wong
tiyange tesih sekolah kok Mas."
"Rak
wis lulus SMA ta?"
"Lha
nyuwun kuliah niku Mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa... niku,
skripsi napa,... Duka napa jenenge. Pokoke mpun meh rampung...kantun setunggal
niku." Skripsi? Anake Pak Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake
anake? Kuwi mung tak batin wae. Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.
Wis meh rong
minggu iki ora keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. Aku
ora ngerti kena apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak
Wiryo lara? Apa omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.
Sore kuwi
aku nembe mulih saka kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu
kendaraan-kendaraan ning mburiku sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang
mengiwa menggok mlebu ning jurusan lapangan golf. Ning sawijining gang aku
mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit dalane ora bisa diliwati mobil. Aku
mlaku saurute pager sisih njaba lapangan golf sing durung rampung digarap kuwi.
Aku yakin,
dalan kuwi sing saben dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep. Rodha-rodha
traktor nggiles ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan
liya, ora adoh saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah,
seng lan barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa
wong-owong kuwi sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki
barang-barang tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan
omahe Pak Wiryo mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.
Srengenge
manglung mengulon. Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku
ya duwe buldoser kaya ngana kuwi.
Kelingan
karo Pak Wiryo, karo wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo
lemah. Wong-wong sing kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane
dhuwit. Wong-wong sing kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan
jaman kudu mesti ana sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga
ngomong, yen sawah mburi pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo
mbangun unit anyar.
Srengenge
mbranang ing langit sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak
listrik, gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane
bocah-bocah cilik jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng
ngarep omah. Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak
Wiryo. Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak
sing nate tak tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke
dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing
nate diomongna Pak Wiryo: "Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas,
kula dereng kalah...."
Nama: Riky
Artya Setiawan
Kelas: IXE
No : 16
Tidak ada komentar:
Posting Komentar